yen urip kuwi gur ngurusi karepe wong, yo tonggo,sedulur,keluargo ora bakalan enek sing meneri,ora enek sing iso muaske sak kabehe, wong kuwi wis tadire yo ngono kuwi.
makane mlakuo sak karepmu sak senengmu sing penting ora gawe rusakke tatanan agomo lan adat istiadat ndesomu.
sebab ngene wo.. walaupun kowe kie wis apik koyo nyedaki walisongo ananging tetep wae enek wong sing ora meneri opo maneh kowe sing bedigasan ora genah kelakuanmu la tambah soyo ndodro le gething kepathi pati karo kowe.
misale kowe dadi wong apik, kowe wira wiri langgar(mushola) mengko yo enek sing maido..bola bali neng mesjid gen di delok wong rumangsane wong apik,halah kae neng mesjid gaweane ngrasani, halah kae bola bali neng mekkah yo pelite demit ra ndulit,halah kae bosone ora ming sing wajib poso sunnah barang tapi anake mrusal, halaah kae batue' wae ireng tapi karo bojone galake eraammm..
halah kae.. halaaaaah kae ora uwis uwis lik yen kowe ngurusi wong maido kowe ora sido ambekan, ora sido cucul kringet,ora iso golek sandang pangan kanthi seng,ora iso ngibadah kang ikhlas Lillahi ta'ala
wis sing tekun wae mengko kan kerukun marang gusti Alloh.
No comments:
Post a Comment