Monday, 21 March 2016

kalah bondo

aku dikiro preman, opo peh sandanganku ora karuan
kang sukir gank kelompok band wonogiri
lagune nganggo ukorosederhana nanging enak di rungokke kuping
iyo lik sukir neng wonogiri kie banyakan wong tuwek kui senenganne ngolek mantu sing kiro kiro iso ngopeni ,wajah ora bagus ora popo sing penting duwite iso ngo adus, hehehe
agomo durung dadi alternatif ngolek mantu neng ndesaku lik. opo maneh saiki lagi tren ngolek mantu sing kiro kiro iso ngowo sangu duit sing akeh. gen morotuo anyar iso mesam mesem lan sumringah. dadi priyayi wae saiki di takoki sik kok,, nduk kowe serius karo atmo kae ora? yo serius to pak la piye to.. la si atmo kae jare guru kuwi wis pNS durung, ye gur Wb kowe arep mangan opo to nduk, gelem ora kuwe tak entukke anake koncone bapak sing saiki juragan bakso sugih lho nduk.yo wis rodok tuwo sih tapi kan masa depan uripmu kepenak to nduk ora ndusur ndusur golek duit maneh..gelem ya nduk.. la si atmo piye pak?... yo wis pegaten wae..eee kok pegat wong rung rabi.. wis putusen wae.. la atmo nganteng kie pak... la kowe opo arep mangan nganteng nduk,, wis putusen wae...Ngih pak..

golek mantu sugih

No comments:

Post a Comment