Saturday, 26 March 2016

Istiqomah

“Carilah Istiqomah dan jangan anda menjadi pemburu karomah. Sebab nafsumu menginginkan karomah sedangkan Tuhanmu menuntutmu istiqomah. Jelas bahwa Hak Tuhanmu lebih baik dibanding hak nafsumu.”

Friday, 25 March 2016

Golek Damen

Golek Damen
petani tangguh
Aku ke yo ngene iki lho lik rumangsamu direktur opo to..yo iki aku wong tani gaweanku golek damen ngo pakan sapi tapi sapine anakku, sak liyane golek damen yo golek suket neng ngalas. jenenge wong tani yo kudu gelem polah ora gelem polah yo keluwen.. hehehe cah nom ojo isin dadi wong tani opomanehora gelem ngakoni yen kita seko keluarga petani. bangga wae wong sing nginggoni aku lan kowe kan bapak ibu mosok tonggo lan koncomu lak ora to yo.. bersambung tak jumatan sik

Rewang wong mantu

Rewang wong mantu
cah nom sekijang golek silihan
Dulur kadir, iki acara lagi persiapan ngewange tonggo arep nduwe gawe mantu yo kabeh wargo RT podo ngumpul kroyokan ngewangi keperluan kang persu disiapake kanggo acara kuwi,yo nyiapke papan, bolo pecah lan silihan liyane, kabeh metu podo ngewangi . sak jane kesel rewang neng ngone wong nduwe gawe nanging roso kesel kuwi mau dadi seneng amargo di garap bareng bareng guyon bareng,kesel bareng lan mangan bareng.bedo rasane yen nduwe gawe gur nyewo gedung trus panganane lan kelengkapane nyewo neng EO nikahan koyo koyone ora penak walau warga ora patek kesel..
aku seneng ndesoku isih enek acara rewangan ngene iki dadine guyup,rukun lan mugio wae berkah 

Ibu ibu nyiapke panganan


Ibu ibu iris iris daging sapi

Ngodok Wedang
Jayengan



Tuesday, 22 March 2016

Menggapai Hikmah

Menggapai Hikmah
Menggapai Hikmah - Al Ustadz Abdullah Shahab Temanya bagus sekali disampaikan oleh Ustad Abdullah shahab, ada beberapa poin yang bisa menjadikan renungan buat kita. Apakah hikmah itu? 
Hikmah adalah suatu kemampuan
  •  mencari petunjuk arah dalam kesesatan
  • menangkap cahaya didalam kegelapan
  • menjadikan kesalahan sebagai "stepping stone" menuju ketaqwaan
  • mencari penyelesaian dalam persoalan
  • mencari jalan yang benar ketika jalan mulai berpencar
  • melihat dibalik fenomena menjangkau hakekat
  • melihat silver lining dalam setian cobaan
Untuk lebih jelasnya silahkan download atausaksikan secara online saja, semoga kita bisa memahami apa yang belau sampaikan

ciri cirine yen wong wedok seneg karo kowe

ciri cirine yen wong wedok seneg karo kowe
 Okeh ciri ciri yen wong wedok kuwi lagi mendem asmoro marang sliramu cah lanang.
Yen lagi mbahas cinta kie memang perkoro sing paling penak lan marai jenak sing mammangane lesu dadi nafsu,,nafsu semangat lho yo.. wis ayo didelok opo cirine yen cah wedok kuwi seneng karo awake dewe (maksute wong lanang)
Trus kenopo cewek kuwi kadang sering mendem katresnane dari pada di umbar karo wong lanang kang ditresnani :
  1. Gen kowe ora kegeden rumongso la njur terus kowe terus dadi wong lanang kan super pede lan ra nduwe isin trus sak karepe  dewe marang cewek maeng
  2. terus kowe dadi dingin sok laku dan jual mahal wedine cah wadon kowe yen terus ngono kuwi
  3. 'terus sing jelas kowe gen ojo kepo..oppo kepo..mbuh takoko cah cah nom saiki
Biasane yen cewek lagi ketaman asmoro marang wong lanang kie ngene iki 
  • Jaim, ngerti to?..njogo image..hehe yen cah wedok kuwi mau neng ngarepmu biasane berusaha tampil nyenengke kowe misale ket dandanna rambut,jilbab,klambi,parfum lan cara ngomong barang yo digae gae gen ojo keceplosan omongan elek,,heheh
  • kadang sering..kadang kok sering...hehe..ya sering ngejak ketemuan jalan bareng ,,misalae..mas minggu ini aku libur kerja  iso  nganteren ke ke,,,,,
  • deloken sing suwe rupane mengko lak terus isin isin kucing,,hikhik.. pura pura mbetulin baju dll
  • terus biasanne seneng nguyu nguyu dewe seperti merasakan bahagian akan sesuatu tapi yen berlanjut ketawa ketiwi ora jelas segera jaen konsultasi neng rumah sakit jiwa...husss
  • terus yen di jak jagongan  kui luwih responsif lan mengasyikkkan
  • terus curi curi pandengan karo kowe yen enek kesempatan pasti dee 100% nginceng kowe hahaha
  • yen lagi ngobrol karo kowe matane berbinar binar byak koyo sueneng banget
  • terus ngei perhatian lebih marang kowe misale..wis sholat rung mas..wis makan belum..jangan banyak banyak minum kopi ya ngak bagus lho..sekali aja sehari..hehehe
  • terus yen tiba tiba mak bedenguk ketemu kowe dee salah tingkah
  • cepet mbales telpon lan sms wa lan sosmed liyane
  • betah ditelponi suwe suwe
  • terus di jak dolan langsung gelem
  • sing jelas dia secara ngak langsung ngasih sinyal yen dia lagi free ndak ada pasangannya dadi njelaske statuse
  • yen iki wis pasti dari pada nerawang ra jelas ,terus ciri ciri sing pasti cewek seneng karo kowe opo ora..TEKOKONO LANGSUNG WAE... mbak kowe opo seneng karo aku... Gubrakkkkkkk...








Monday, 21 March 2016

Sambatan ulur kacang

Sambatan ulur kacang
Ingon Sambatan


Neng kampungku njatiroto wonogiri kota isih 30 km ran isih ono acara sambatan utowo kerjo ngewangi tonggo sing lagi nduwe garapan misale ulur kacang,jagunglan tanduran liyane,ngawe omah lan sak piturute
bayarane gur wedang legi ginastel karo ingon bareng bareng lawuhe iwak pitek,ndok bunder sing ora lali yoiku jangan pedes wonogiren,rempah iwak sapi..yen isih podo guyup ngene iki seneng brow,yo kesel tapi kesel bareng bareng kuwi nyenengke.mugo wae kahanan ngene iki isih ono sak lawase..mangane yo ngono kuwi koyo ono gambar sak enggon enggon lungguhe tapi seger lho ora ono roso jijik lan ngilani wong wisuhe wae yo gur banyu kalen. yen kowe rung tau ngrasakke nyoto rumagsamu ngilani tapi hora lho poro konco..segerrrrrr mbak nyuuussssss walau gur oseng oseng karo endok dadar opo bunder bunder.

Buya Hamka Ulama Indonesia

Buya Hamka Ulama Indonesia
Kajian Tasawuf Buya Hamka - Cinta dan Cemburu Inilah Ulama yang terlahir di indonesia kita harus bangga dengan Buya Hamka semoga amal usahanya diterima Alloh Swt